بسم الله الرحمن الرحيم
ngawiti nulis sopo ingsun kelawan nyebut asmane gusti Alloh s.w.t inkang maringi rohmat lan kewelasan di dunia maupun di aherat.
الحمد الله رب العالمين
Ingkang pertama koto tansah memuja lan memuji kehadirat Alloh s.w.t ingkang sampun maringi kesehatan lan kewaras slametan. Sehingga kula lan panjenengan sedanten saget mios lan mrisani wacanan niki, sanajan wacanan niki kirang begitu afdol, he :). Sedantene puji ingkang patang perkoro iku tetep kagungane gusti Alloh s.w.t ingkang ngeratoni sedoyo ngalam. Wondene puji ingkang patang perkoro inggih menika kirang langkung mekaten :
1. قدم على قدم
2. قدم على قدس
3. قدس على قدم
4. قدس على قدس
Terasnipun قدم على قدم inggih meniko Alloh memuji zat ipun piyambak. Sejaitine Gusti Alloh s.w.t inggih meniko wenang memuji zat ipun Gusti Alloh piyambak. hualloh hu'alam.
Terasnipun قدم على قدس inggih meniko Gusti Alloh s.w.t memuji dateng makluk ipun gusti Alloh piyambak. hualloh hu'alam.
Terasnipun قدس على قدم inggih meniko makluk ipun Gusti Alloh kedah memuji dateng gusti Alloh. dene makluk memuji penciptanipun iku katetapan sifat wajib, mboten saget di rubah malih. tulada ipun ngeh niku kito kedah nglakoni sholat lima waktu ojo nganti bolong.
Terasnipun قدس على قدس ingih meniko makluk memuji dateng makluk. tulodane manusia ngeh angsal memuji manusia, tapi ampun ngantos berlabihan.
صلى الله على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه وسلم
Lan mboten kesupen ugi semoga rohmat keslametan lan rohmat takdim tercurahkan dumateng Nabi junjungan kito Nabi Besar Syaiduna Muhammad s.a.w. Nabi ahir zaman, mboten onten Nabi malih sesampunipun Nabi Muhammad s.a.w. ingkang kula kito sedoyo ajane-ajeng Syafaat nipun benjang ing yaumulkiamah, Alloh huma amiin. Lan semoga tercurahkan ugi dumateng keluarga lan shohabat-sohabat ipun kanjeng Nabi. hualloh hu'alam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar